Sony Xperia M5 - Setelan kamera foto

background image

Setelan kamera foto

Ngatur setelan kamera foto

1

Aktifake kamera.

2

Kanggo nuduhake kabeh setelan, tutul .

3

Pilih setelan sing pengin disetel, banjur owahi kaya sing dipengini.

Ringkesan setelan kamera potret

Resolusi

Sampeyan bisa milih ing antarane sawetara resolusi lan rasio aspek sadurunge motret.

Foto karo resolusi sing luwih dhuwur merlokake luwih akeh memori.

21MP

5312×3984(4:3)

Resolusi 21 megapiksel kanthi rasio aspek 4:3. Cocog kanggo potret sing arep dideleng ing tampilan non-

layar amba utawa dicithak kanthi resolusi dhuwur.

16MP

5344×3008(16:9)

Resolusi 16 megapiksel kanthi rasio aspek 16:9. Cocog kanggo foto sing pengin dideleng ing tampilan layar

amba.

8MP

3264×2448(4:3)

Resolusi 8 megapiksel kanthi rasio aspek 4:3. Cocog kanggo potret sing arep dideleng ing tampilan non-layar

amba utawa dicithak kanthi resolusi dhuwur.

3MP

2048×1536(4:3)

Resolusi 3 megapiksel kanthi rasio aspek 4:3. Cocog kanggo potret sing arep dideleng ing tampilan non-layar

amba utawa dicithak kanthi resolusi dhuwur.

2MP

1920×1088(16:9)

Resolusi 2 megapiksel kanthi rasio aspek 16:9. Cocog kanggo foto sing pengin dideleng ing tampilan layar

amba.

VGA

640×480(4:3)

Format VGA kanthi aspek rasio 4:3.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Timer foto

Nganggo timer foto, sampeyan bisa motret tanpa nyekeli piranti. Gunakake fungsi iki

kanggo motret awake dhewe utawa motret gugus supaya kabeh bisa dipotret.

Sampeyan uga bisa nggunakake timer foto supaya kamera ora goyang nalika motret.

10 det.

Setel wektu tundha 10 detik wiwit menet tombol rana nganti potret dijupuk.

2 det.

Setel wektu tundha 2 detik wiwit menet tombol rana nganti potret dijupuk.

0,5 det.

Setel wektu tundha setengah detik wiwit menet tombol rana nganti potret dijupuk.

Mati

Foto dijupuk nalika menet tombol rana.

Palacakan objek

Nalika sampeyan milih objek kanthi nutul ing jendhela bidik, kamera bakal nglacak.

105

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

HDR

Gunakake setelan HDR (High Dynamic Range) kanggo njupuk potret ing cahya mburi

sing kepadhangen ing kahanan sing kontrase banget. HDR menehi kompensasi kanggo

rincian sing ilang lan nggawe gambar sing apik ing panggonan sing peteng utawa

padhang.

Setelan iki mung kasedhiya ing setelan kasalarasan werna putih/ukuran pepadhangan/HDR

saka mode jepretan

Manual.

ISO

Sensitivitas ISO bisa disetel supaya ngatur kanthi otomatis, utawa bisa ngatur kanthi

manual menyang setelan sensitivitas sing kisarane saka 100 nganti 3200.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Ngukur

Fungsi iki kanthi nemtokake cahya sing imbang kanthi ngukur jumlah cahya kanggo

subyek sing pengin dijupuk.

Pusat

Nemtokake cahya adhedhasar padhange ing tengah subyek.

Spot

Ngatur cahya ing bageyan cilik subyek sing pengin dijupuk.

Rata-rata

Ngetung cahya adhedhasar akehing cahya sing nyinari kabeh subyek.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Pratilik foto otomatis

Sampeyan bisa milih kanggo pratilik foto sawise dipotret.

Aktif

Sawise motret, pratilike muncul ing pojok tengen isor layar sasuwe 3 detik.

Mung kamera ngarep

Sawise motret karo kamera ngarep, pratilike muncul ing pojok tengen isor layar sasuwe 3 detik.

Mati

Foto utawa video disimpen sawise dijupuk, lan ora ana pratilik sing muncul.

Lampu kilat

Gunakake lampu kilat kanggo motret nalika kahanan cahya surem utawa yen ana cahya

saka mburi. Opsi ing ngisor iki kasedhiya nalika sampeyan nutul lambang lampu kilat

ing layar kamera:

Otomatis

Kamera otomatis nemtokake manawa kahanan cahya mbutuhake panggunaan lampu kilat.

Lampu kilat pangisi

Gunakake setelan iki yen latar mburi luwih padhang tinimbang subyek. Setelan iki ngilangi bayangan

peteng sing ora dipengini.

Nyuda mripat abang

Nyuda werna abang ing mata nalika motret.

Mati

Lampu kilat dipateni. Kala-kala, kwalitas foto malah luwih apik tanpa lampu kilat, sanajan ing kahanan

cahya surem. Njupuk foto sing apik tanpa nggunakake lampu kilat mbutuhake tangan sing anteng.

Gunakake fitur atur wektu kanggo nyegah foto burem.

Lampu

Lampu kilat murup terus-terusan nalika motret.

106

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Pamilihan gambar

Gunakake fitur Pamilihan gambar supaya bisa cepet nyetel kamera kanggo kahanan

umum nggunakake gambar sing wis diprogram dhisik. Kamera wis nemtokake maneka

setelan sing bisa dipasake kanggo gambar sing wis dipilih, supaya foto bisa paling apik.

Mati

Fitur Pamilihan gambar mati lan sampeyan bisa motret kanthi manual.

Kulit mulus

Motret nganggo efek ayu canggih.

Potret alus

Gunakake kanggo motret sing latar mburine lembut.

Anti bureng obah

Gunakake kanggo minimalake kamera obah nalika motret ing gambar sing rada surem.

Bawana

Gunakake kanggo foto sesawangan. Kamera fokus ing obyek sing adoh.

HDR koreksi cahya latar

Gunakake kanggo ngapiki jepretan sing kontras banget. Koreksi cahya latar sing wis diprogram

nganalisa gambar lan otomatis ngatur gambar supaya cahyane sampurna.

Potret bengi

Gunakake kanggo foto ngadeg sing dijupuk ing wayah bengi utawa ing kahanan sing surem. Amarga

suwene wektu cahya, kamera kudu dicekeli kanthi anteng utawa diselehake ing papan sing rata.

Gambar bengi

Gunakake nalika motret ing wayah bengi utawa ing kahanan sing surem. Amarga suwene wektu

cahya, kamera kudu dicekeli kanthi anteng utawa diselehake ing papan sing rata.

Wengi sanggan

Gunakake kanggo motret cekel-tangan cahya-surem kanthi panyuda noise lan burem.

Sensitivitas dhuwur

Gunakake kanggo motret tanpa lampu kilat ing kahanan cahya surem. Ngurangi burem.

Panganan

Gunakake kanggo motret tatanan pangan sing wernane terang.

Kewan ingon

Gunakake kanggo motret ingon-ingon. Ngurangi burem lan mripat abang.

Pantai

Gunakake kanggo motret foto ing pinggir segara utawa tlaga.

Salju

Gunakake ing kahanan padhang supaya foto ora kepadhangen.

Pesta

Gunakake kanggo motret ing njero kamar ing kahanan kurang cahya. Sesawangan iki njupuk cahya

latar mburi njero kamar utawa cahya lilin. Amarga suwene wektu cahya, kamera kudu dicekeli kanthi

anteng utawa diselehake ing papan sing rata.

Olahraga

Gunakake kanggo motret obyek sing obahe cepet. Wektu cahya sing cepet minimalake burem

amarga obah.

Dokumen

Gunakake kanggo foto teks utawa gambar. Nambahi kontras foto sing luwih jelas.

Kembang api

Gunakake kanggo motret werna-wernining cahya kembang api.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode motret

Manual.

107

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.