Sony Xperia M5 - Nggoleki nomer identifikasi piranti

background image

Nggoleki nomer identifikasi piranti

Piranti sampeyan nduweni nomer identifikasi sing unik. Nomer iki diarani IMEI

(International Mobile Equipment Identity). Sampeyan kudu nyimpen salinan nomer iki.

Sampeyan bakal mbutuhake nomer iki, nalika ngakses layanan dhukungan Xperia™

Care kanggo ndhaptarake piranti. Kajaba iku, yen piranti sampeyan dicolong, sawetara

panyedhiya jaringan bisa nganggo nomer iki kanggo ngendhegake piranti ngakses

jaringan ing nagari utawa wilayah sampeyan.

Ndeleng nomer IMEI ing baki label

18

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

1

Lebokake pucuk kuku ing longkangan antarane tutup slot kertu memori sisih

dhuwur lan piranti, banjur bukak tutup.

2

Nggunakake pucuk klip kertas lembaran (utawa barang sing pucuke dawa lan alus

sing memper), penet tombol ing jejere slot kertu SIM nano supaya wadhah kertu

SIM nano nyembul.

3

Seret metu wadhah kertu SIM nano sakabehe.

4

Nggunakake alat sing padha ing langkah 2, seret metu baki label saka slot kertu

SIM nano. Nomer IMEI katon ing baki label.

Kanggo katrangan liyane babagan cara nyembulake wadhah kertu SIM nano, waca instruksi

cara nglebokake kertu SIM nano. Yen kertu SIM wis dilebokake ing piranti, piranti wiwit maneh

sakcara otomatis nalika wadhah nyembul.

Kanggo deleng nomer IMEI, sampeyan uga bisa bukak tombol ponsel banjur tik

*#06#

.

Ndeleng nomer IMEI liwat setelan piranti

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Babagan telpon > Status > Katrangan IMEI.